Selasa, 13 November 2012

Lirik CampurSari

NYIDAM SARI

Umpomo sliramu sekar melati,
aku kumbang nyidam sari.
Umpomo sliramu margi wong manis,
aku kang bakal ngliwati.
Seneksen lintange luku,
semono janji prasetyaning ati.
Tansah kumanthil ing netro rinoso,
kroso rasaning ndriyo.

Chorus:
Mibero sak jagad royo,
kalingono wukir lan samudro.
Ora ilang memanise,
aduuh, dadi ati sak lawase.
..
Nalika niro ing wengi,
atiku lamlamen marang sliramu.
Nganti mati takkan biso lali,
lha kae lintange wluku.


 ____________________







Ketaman Asmara

Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku


Bingung rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora guwo-wo
Rasaning atiku sansaya nelongso


Wes tak lali-lali
Malah sansaya kelingan
Nganti tekan besok kapan nggonku
Mendem ora bisa turu


Opo iki seng jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Prasasat ora bisa lali
Esuk awan bengi tansah beda ati
________________________


Ngenteni Tekamu

Nalika ing wayah sore
Gawang-gawang
Mung katon eseme

Amung tansah ngawe awe
Alelido mung tansah ngatoni wae
Sliramu wes ora ono
Duh Wong Ayu tega ninggal lungo

Mbok eling biyen prasetyo
Sineksenan iline Kali Oyo

Saben-saben Aku nunggu
Mung arep-arep tekamu
Kumriciking banyu kali
Anambahi tretesing Ati

Ning pinggiring Kali Oyo
Duh Wong Ayu Awakku Dedongo
         Mugo-mugo enggal bali
Tak enteni ing pinggiring Kali..
 _____________________________







Caping Gunung

Ndek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi ning saiki opo wes lali


Jarene wes menang keturutan seng digadhang
Biyen ninggal janji ning saiki opo lali
Ning nggunung Tak cadongi sego jagung
Yen mendhung Tak silihi caping nggunung


Syukur bisa nyawang kampung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone podho loro lopo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar